شر الفقراء من يود أنه من الأغنياء، وخير الأغنياء من لا يكره أن يكون من الفقراء.


sak elek elek'e wong fekir kui seng ora terimo karo kefakirane malahan pingine dadi wong sugeh wae, ndung sidane nguber donyo lali wayah.

lan sak apik apik'e wong sugeh kui seng ora wedi bangkrut lan siap kere alias ora kedonyan, dadi yo mbogawe yo mbayar zakat yo shodaqoh mergo ora ndue roso eman nalikane kelangan.

mulo podo kudu nyadari sekabehane namung titipan, ayo podo golek titipan seng akeh lah iso weweh lan ojo dumeh seng njalari keweleh.

seng disambatke poro sohabat biyen kui seringe masalah doso, "kanjeng nabi aku kok bar nglakoni doso, iki piye?". dadi poro sohbat kui sadar neg seng njalari susah kui doso, neg wong saiki kaprahe seng njalari susah kui bondo. ndung sidane seng diarani wong susah kui seng ra ndue bondo. mulo angel ayeme mergo urung iso syukur, angel syukure mergo urung iso ngumawulo, angel ngumawulo mergo urung iso tobat. التائبون العابدون الحامدون، إلى اخرها

Urutan penyusunan surat  alqur'an kui biso gawe pelajaran. Yoiku neg kanggone wong islam mocone soko alfatihah mergo wes ngerti pengerane sopo, neg kanggone wong kafir mocone soko annas kanggo ngenalke neg pengeran kui panci ono lan menuso sejatine butuh marang pengeran, buktine surat alfalaq seng nerangke semesta kui ono seng gawe, neg wes percoyo pengeran kui ono kandanono jengene lan sifate pengerane kanti moco qulhu, neg rak percoyo ancamo nganggo tabbat, neg gelem syahadat wehono bebungah kelawan moco idza ja'a, neg malah brengkel yo wacakno qulya lah sak karepe dewe kw rak usah melu". dadi kanggone wong atheis da'wahe nganggo annas lan alfalaq, nuli kanggo wong yahudi kresten lan liyane seng ws percoyo pengeran ono da'wahe nganggo al ikhlas.

lha da'wahi wong kafir kui intine ngejak mlebu islam neg ra gelem yo weden"ni sikso neroko lan liya"ne, mulane da'wahe nganggo tabbat. neg da'wahi wong islam kui intine ngejak keapian kanti ngumawulo lan muji" pengeran ugo njaluk sepuro arikolo kasulayan, mulane da'wahe nganggo idza ja'a.

Neg seng pd kafir emoh iman yo da'wahmu cukup qulya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

syukur

Qonaah